Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Metodologi Islam Jawi

 METODOLOGI ISLAM JAWI 
°Nek ono wong mati ngucap “innalillahi wainna ilaihi rojiun”.
Iki nek jowo ora iso, mulo innalillahi wainnailaihi rojiun tak jawake ‘ojo lali sangkan paraning dumadi’.
Supoyo menungso ora lali sangkan paraning dumadi dimas Kalijogo, tembangi ki ayo digawekke tembang  tak jenengi mocopat.
Mocopat iku opo? Mocopat iku ben uwong biso slamet ojo lali kudu iso moco barang papat, barang papat iku opo ? Kancane nyowo medun nang alam ndonyo manggon nang rogo, nyowo iki medun ono koncone papat, sebelah kiwo iblis loro jenege jin qorin, sebelah tengen ono malaikat loro jenenge malaikat hafadhoh.
Lha iki nek wong jowo ora dong, mulo tak jenengke dulur papat limo pancer lah ati ati menungso nek ra kenal dulur papat limo pancere iku dapat menjadi masalah. 
Kenapa lantaran pancer ini kalo butuh sesuatu pake jalan yang kanan dapat pake jalan yang kiri juga bisa.

Pancer kalo pake yang kanan, laki laki mengasihi perempuan, pake yang kanan iso, poso telung dino moco yaa Rohman yaa Rohim mengko sing wedok yoo ‘I love you’. Tapi nek pancer memakai kekuatan yang kiri, untuk mengasihi wanita poso ngebleng tiga hari tiga malam sing diwoco sun amatek aji, ajine jaran goyang  ajiku tak goyang goyang yo hasil, sama sama hasil, pake kiri dan kanan,
*pengin kaya, pake jalur kanan bisa, pake jalur kiri yo bisa, kalo pake jalur kanan berarti memakai mesjid untuk sholat dhuha baca yyaa fatahu yaa rozaqu , waqi;ah, arrohman yo dapat kaya, tapi kalo pake jalur kiri ya lebih mudah, nggolek wedus kendhit munggah neng peti yo sugih, ya sama kaya gitu, ini semua dapat dipake. ,
mulo wong ora keno lali dulur papat limo pancer, lantaran nek lali kiyai nek tirakate berpengaruh yo padang, dukun ratau adus nek tirakate berpengaruh yo padang, sama, sama sama hebat, sama sama sekti, nggoleki pitik ilang tekok kiyai yo ketemu pitike, takok dukun sing ratau adus yo pitike ketemu, podho arep neng malaisia nggolek sangu nang kiyai ben ora iso dicekel polisi, neng dukun sing ratau  adus yo iso podho padange kiyai karo dukun, ming padange bedo, sing siji padange lampu sing siji padange omah kobong ngono thok.
Nggoleki pitik ilang nganggo senter yo pitike yo ketemu, nganggo blarak sing digendel diobong yo pitike ketemu, lampune utuh, blarake kobong entek. ,
lha niki lak kitab ihya, sampyn moco kitab ihyak lha niki babagan nafsu.
Lho ndak  akhire mocopat  iki tak jenengke mocopat kawitan jenenge

1. MAS KUMAMBANG iku medune nyowo nang alam ndonyo sambuten kanthi ngapati mitoni, bacaan qur’an bacaan sholawat.
Kalo nyawa sudah mas kumambang meduk seko langit nang ndonya masuk nang njero ragane ibu dadi bayi mengko terus metu tak jenengke tembang MIJIL

2. MIJIL.. Menungso lahir rupo lanang rupo wedok.  Nek lanang wedus loro nek wedok wedus siji diaqoqohi, syahadatke nang gusti Alloh, nek wis kafe mijil tembange kinanthi,

3. KINANTHI. bocah cilik cilik niku kudu dikanthi agomo, dikanthi akhlak. 
Maka Nahdhotul ‘Ulama yo nggawe TPQ, TPA, roudhotul Atfal untuk menampung bocah kinanthi ini, lantaran kinanthi kudu disangoni kanthi agomo kanthi aklhak, lantaran kalo kinanti kecil kecil kok ngak diajar susila nggak dianjar agama mbleset nanti, lantaran akan masuk ke tembang sinom,

4. SINOM. bocah bakal dadi enom, bocak nek enom ndablek, ora kenek diwulang nopo malih nek wes kafe sinom,manusia akan masuk ke tembang berikutnya asmorondono,

5. ASMORODONO bocah nek atine ketekan asmoro jatuh cinta, ndak dapat diajari, wong taik kucing roso coklat.  Nek wes bar  asmoro ndono tembange gambuh,

6. GAMBUH .. tempuk cah lanang wedok mbangun rumah tangga, nek wes kafe gambuh tembange dandang gulo, dandang pait, gulo legi. 

7. DANDANG GULO .. Entuk bojo kok sing lanang pinter koyo pak haji Fathul entuk gulo uripe  legi,  , lha entuk bojo wes bendino tayuban, ngramal togel, rupane mrongos, bali bali ngaplok, lha iki uripe pahit, entuk dandang,. Lha nek wes kafe dandang gulo tembange durmo,

8. DURMO wayahe ndarmakke harta benda, ilmu.. ‘khoiunnas anfa’uhum linnas’. Nek kafe durmo tembange tak jenengke tembang pangkur,

9. PANGKUR menungso ngerti ngerti mungkur seko ndonya.
Gigi sing maune nggo nyokot kerikil pecah, saiki nggo nyokot apem copot. Napas sing maune nggo nguber celeng sedino ping limo iku kuat, sakniki nggo ngoyak oyak putune, nguber uber putune  ora gelem adus, niku wes mengkis mengkis, hehehe lahi iki pangkur, gek ndang mungkur cari jalan betul, masuk ke mesjid, masuk ke langgar cari ‘ulama mumpung belum kesusul tembang megatruh


10. MEGATRUH copot rogo sak sukmane terakhir tembange pucung

11. PUCUNG  menungso ming di pocong sluku sluku bathok terus dilebokke lawang ciyut mulo  wong tuwo disebut buyut siap siap mlebu lawang ciyut. V  ini produuk sini luarr biasa, lha nek mlebu lawang ciyut pethuk malaikat munkar nakir , nek lali sangkang paraning dumadi nek ditakoni man robbuka he ?? (Ora biso jwb) dicandak malaikat eksklusif dadi wareng diudek udek nang nroko digantung koyo siwur dithuhtuk'i modal madil koyo tarangan bodol ajur mumur koyo gedebog bosok. ,
mulo pangkate anak, bapak, simbah, buyut, canggah, wareng. udeg udeg, gantung siwur, petarangan bodol,  gedebog bosok.. ini produk sini pembelajaran dengan sebuah metodologi yang luar biasa

[ cuplikan ceramah pak KH. Gus Muwafiq ] 